SUGENG KUWI NANG DI, TA?
👧DARMI : "Arep nang di kang..?"
👦DARMO : "Nggoné Sugeng, deso sebelah.."
Ora let suwé, DARMO wis balik ngomah menèh 🏡🚶
👧DARMI : "Kok cepet banget to kang, opo wis ketemu Sugeng...??"
👦DARMO : "Durung... aku yo durung tekan ngomahé, Sugeng lagi lungo..."
👧DARMI : "Piyé to kowé ki kang, durung tekan ngomahé kok ngerti nèk Sugeng lagi lungo.."
👦DARMO : "Iyo... nang gapura bates désa ditulisi SUGENG TINDAK...
👶Si KUNCUNG anaké krungu👶
👶KUNCUNG : "Sugeng sampun kundur pak.."
👦DARMO : "Kowé ngerti dikandani sopo..?"
👶KUNCUNG : "Dateng balé dusun dipun serati SUGENG RAWUH"
👵Si Bawuk adiné Kuncung melu ngandani bapaké
👵BAWUK: "Jané niku Sugeng wau mirengké bapak ngendikan lho pak.."
👦DARMO: "Ngertimu soko ngendi..?"
👵BAWUK: Lha kulo nyetèl radio criosipun "SUGENG MIDANGETAKEN"
Sak omah Gemblung kabèh....
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar