Bos :
“Mukidi,, iki ono 50 pitik tulung terno ... iki alamatè” (si
bos ngekèki kartu nama nang mukidi )
Mukidi:
“bèrèsss boss! ”
Mukidi njur nalèni pitik2è nang motor ... 25 pitik sisih
kiwo, 25 sisih tengen
Ndilalah nang ndalan Mukidi sènggolan karo becak.. Mukidi
tibo glangsaran karo motore.. trus pitik2è podo ucul kabèh... mlayu kabur
dhewè-dhèwè...
Lah Mukidi weruh pitik2è podo mlayu dhèwè-dhèwè malah ngguyu
kepingkel-pingkel..
Wong2 sing nèng dalan pada weruh.. gumun banjur takon !
Warga :
“Mas, pitik2è podo bubar mlayu dèwè-dèwè ora ndang diburu..
èh kowè malah ngguyu kepingkel-pingkel... kowè karepè piyè to mas ?" tanya
warga terheran-heran...
Mukidi :
“tenang wae bapak-bapak ibu-ibu... pitik2è arep kabur nèng
ngendi? Lha Wong alamate sing nggowo aku !!!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar