Mbah Putri Numpak Bis

Bis jurusan Wonosari mandeg neng Pasar Piyungan Yogya.
Ono simbah-simbah jaritan mudhun ngelungné ongkos duwit nèng kondèktur.

- Kondektur : "Mbah, niki ongkosipun kirang!"

- Si Mbah : "Kurang kepriyé?!"

- Kondektur : "Nggih jelas kirang! Mosok namung limangatus niki?"

- Si Mbah : "Lho, mau ono bocah mbayar sewu mangatus, terus ono sing mung sewu..!

- Kondektur : "Mbahé.. Laré sing kathok dowo abu-abu wau laré SMA mbayar sewu mangatus, sing kathokan pèndèk biru wau laré SMP mbayar sewu."

- Si Mbah : "Lho nèk ngono kuduné aku ra mbayar!

- Kondektur : "Lha mboten mbayar pripun?"

- Si Mbah : "Iyo no.. Lha wong aku ra kathokan!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar